Kumpulan Geguritan bahasa Jawa

Kumpulan Geguritan bahasa Jawa - Mengenal bahasa daerah adalah bahasa ibu. Untuk kesempatan yang baik ini pustaka ilmu berbagi tentang geguritan bahasa jawa, berikut ini penjelasannya

Ambengan Sega Kuluban
Ambengan sega kuluban dieler ing tampah
Diladekake ing pasamuwan
Direncah bebarengan, kroyokan, rebutan

Ambengan sega kuluban
Ora ana sing ngerti duweke sapa
Kejaba dadi pangane para wayang, para dhalang
Sing lagi lungguh methingkrang

(kidang lan truwelu, kinjeng lan kupu
Mung bisa nyawang sinambi ngeleg idu)
Ambengan sega kuluban, wis gusis dienggo pesta
Mung kari tampah ngganda amis, angganda amis
Banjur kanggo bal-balan para buta!
Bledheg Segara Kidul
Turiyo Ragilputra Ambal Kebumen, Januari 2003 (Panjebar Semangat, No.14 – Tanggal 5 April 2003)
Micara marang Jaman
Aku isih ngambu gandane banyu wudlu
Nalika sliramu nyendhal kendhaline kuda
Ngibarake gendera ngubengi jagad raya

Ukara-ukara mbrubul kayadene maewu-ewu panah
Cinepas saka gendhewa kontroversi
Gawe wuru para sujana lan ahli sejarah
Buku endi mengkone sing kudu ditulisi

Baca juga : Definisi Lengkap Struktur Sastra Prosa Jawa Modern

Jaman, menyang endi abure manuk-manuk
Nalika rasa rumangsa wis musna saka telenge bumi
Lan gegremetan rame-rame mbarang amuk
Bayi-bayi padha rebutan dolanan geni
Bledheg Segara Kidul
Turiyo Ragilputra Ambal Kebumen, Februari 2001 (Jaya Baya, No. 2 – Tanggal 8 September 2002)

Kumpulan Geguritan bahasa Jawa

Ibu (1)

Ibu,
Iki parak esuk
bangbang sumirat jingga
wis wancine wekel makarya
coba pirsanana
piring dhepyah uwuh mblasah
njaluk gawemu dina iki
apa ta endah impenmu wektu iki
rentengan gelang kalung lan peniti
utawa Hongkong Paris lan Itali?

Ibu,
Putra wayah wis gumregah
Ngolah kebon tegal sawah
Geneya sliramu katrem ing donyaning sinanjung?

Ibu,
Ayo enggal wungu
Aja angler
Kaya tledhek nembe wuru
Kidung saka Bandungan
Rini Tri Puspohardini 2003
Yen Ana Gela
Kaya wis lumrah
Yen wengi sinusul rina
Mula yen kalakala ana gela

Mesthine ana sing luput saka panggantha
Geneya nangisi keplasing wektu
Senajan mangkua sawengi natas
Rembulan tatu kuwi dudu duwekmu

Aja getun aja nggagas
Ana teka ana lunga
Wayahe purnama
Tibane malah grahana

Mula saiki sadurunge rina
Tumengaa menyang akasa
Sawangen rembulan kae
Lilingen endah lan keplenge
Kidung saka Bandungan
Rini Tri Puspohardini 2003
Uluk Salame Srengenge
Srengenge wis dhedhem-dhedhem
Nggugah esuk kang isih ngantuk
Lakune glendheh-glendheh

Kaya temanten anyar ngenggar-enggar
We lha, kok isih padha nglipus turu
Kaya wong-wong kang lagi wuru
Mendem miras lan n4rk0b4

Ayo tangi enggal tumandang
Selak ditinggal wektu mlayu mblandhang
Kaya jaran ucul negar-negar
Iki wis esuk pajar

Esuke panguripan anyar
Nggelar reformasi
Kang ora mesthi ana ing saben sasi
Lan saben warsi

Srengenge wis glendheh-glendheh
Saka wetan ngajak cancut bebarengan
Mbengkas karya kang ngedap-edapi
Kanggo urip kang ngglenter moncer
Aja pijer kagol lan rewel
Kaya taun-taun kapungkur kang kathether

Geguritan Abang Branang, Rachmat Djoko Pradopo, 18 Februari 2000

Para Mitrane Wengi
Wengi banget sumanak ngaruh-aruhi
Ngajak para kadange wengi
Turu ing pojok-pojok kapencil

Sanajan gumrumunge lemut lan jingklong
Lan sawatara ganda apeg nduleg
Ganda humus kang nyuburake suket
Lan tanduran alasan

Wengi ngajak para kadange ngaso
Nanging dheweke lan kanca-kancane
Isih kudu nyukupi
Kabutuhan mangan lan urip liyane

Kanggo dina iki lan sesuk esuke
Embuh ana tumpukane uwuh
Utawa sadawane ril sepur
Utawa ing ngendi bae

Baca Juga : Maceme Sastra Ing Pewayangan

Nanging wengi ora kasil mbujuk turu
Kanthi adhem lan nggameng petenge
Nganti esuk ngatonake raine
Geguritan Abang Branang Rachmat Djoko Pradopo 17 Desember 2000
Wengi Saya Mencit
Wengi saya mencit
Kaya pucuke wit cemara lungit
Nglayut yen dirasa
Rasane saya nalangsa

Wengi napaki sepi
Sepine swasana kang suwung
Mung ing pikir kang temlawung
Kelingan kang ora-ora gawe bingung

Wengi saya mencit
Ora teges mripat kudu turu
Nadyan wis ngantuk theklak-thekluk
Gawean isih matumpuk-tumpuk

Wengi saya mencit
Wektu saya merit
Ati kaya dirujit-rujit
E, ya amit-amit

Wong isih kepengin urip
Nadyan urip mung gadhuhan
Sawektu-wektu bisa dipundhut
Sing Kagungan
Geguritan Abang Branang, Rachmat Djoko Pradopo
12 Januari 1993
Wis Tuwa
Planit kang kita enciki iki
Wis gruyah-gruyuh tuwa
Marga umur lan kasangsaran nglantur

Tansah adus kringet, getih,
Lan dosa-dosa
Nanging, kianat kok ora tau mendha
Tansah nancepake glathi saka buri
Ing jantung-jantung panguripan iki

Tangan-tangan kang tansah tumenga
Tansah tanpa guna gegodres
Lan getih tansah nelesi glathi
Lancipe pedhang lan bumi kebes
Luh tansah dumrojos deres
Tanpa guna nelesi bumi kinasih iki
Geguritan Abang Branang
Rachmat Djoko Pradopo 2 April 1968
Rembulan Ing Plataran
Rembulan saiki wis kijenan ing plataran
Bocah-bocah dolanan wis ora gumerah
Padha nonton Teve lan dhangdhutan

Rembulan saiki wis kijenan
Malah jangkrik bae wis ilang engkrike
Kodhok-kodhok kang tetabuhan
Saiki wis ora ana baneke

Padha kena endrin lan DDT
Rembulan saiki wis kijenan
Plataran-plataran sepi
Malah bocah-bocah kothekan bae
Saiki wis ilang baneke
Rembulan kari kelop-kelop dhewekan
Geguritan Abang Branang
Rachmat Djoko Pradopo 7 Agustus 1991
Lingsir wengi
Angin mecaki wengi
Nalika godhong-godhong wis padha turu
Kabeh wis kebyukan impen

Mung awak ingsun kang isih sendhen
Gelik-gelik ing teras dhewekan
Lurung mamring tanpa sabawa
Nambah nglanguting pangrasa

Mungguh langgenge urip iki
Nganti kapan, sapa ta ngerti
Pancen kabeh iku nggembol wewadi

Kang manungsa ora bisa nduga
Angin mlangkring ing pang blimbing
Sapa ngerti apa kang bakal dumadi
Iku panganyuting ati
Tan jenjem nganti lingsir wengi
Mung aku dhewe kang isih nuguri sepi
Geguritan Abang Branang
Rachmat Djoko Pradopo Mei 1992

Jaman Reformasi
Wis-uwis saiki ora ana bendara
Sinembah para kawula
Wis-uwis aja tansah sendika

Sakersa paduka kula manut
Kula ndherek paduka
Wis-uwis aja pasrah panguwasa
Aja sumangga ndara

Lageane wong dhisik, kuna
Jaman reformasi
Wis-uwis le demonstrasi
Aja lelandhesan demokrasi tanpa wates

Reformasi ora mung kuwi
Sing penting sing ngerti
Nekad bela rakyat
Njejegake bangsa

Gemah aripah tata tur raharja
Moncere nagara Indonesia
Mumbul ing manca praja
Pak Yasa Carita

Pitik
Lagi wae babone betog-betog ngendhog
Kukuruyuk jagone kluruk esuk-esuk
Kiyeg-kiyeg kuthuke padha blayon
Pitik wulune katon gilap mengkilap

Seger-seger tur lemu thipluk-thipluk
Sing duwe pitik kumalungkung
Lha pakan ora gothang
Esuk dhedheg, sore jagung

Kandhang resik sarta apik
Lo, ngglethak ndadak
Seyekti nyala wadi
Kabeh pitike mati
Nggegirisi tumindakmu

Culika
Kowe nggegerake jagad
Kae sakampung buntung
Bendarane pitik melu mati
Kena flu burung
Pak Yasa Carita

Elinga
Ing tengahing ara-ara…
Bledug ngampak-ampak
Dak sawang ombak ing samudra
Kang bisa gawe cilaka

Yen duka,
bisa tambah sengsara
Ati tambah nalangsa
Bandha donya bisa onya

Eling ta!
Prahara Tsunami ing Aceh
Omah bisa kerem
Omah bisa kesilem

Apa Gusti wis duka?
Ora perlu wangsulan
Wangsulane ana jroning nala kita
Mula, elinga
Ayo ngabdi, sadurunge ditimbali
Rawat Supratikno Bantul, pungkasan Juli 2010
Udan
Mendhung mentiyung ngemuli langit
Mahanani swasana dina
Dadi peteng nambahi sumpeg
Hawane adhem, angine ngebes

Sinamber gelap gebyaring thathit
Gumaleger swaraning sang gurnita
Gumuruh ngebaki jagad raya

Mangsa rendheng udan ngecimpleng
Anyandhet gangsaring pra kadang jroning makarya
Kari mung lungguh dheleg
Sangga uwang ngrenggani kursi kang sepi
Ana jroning bale wisma

Ati umeg,
Kaprawasa kurdhaning karep
Udane ngrecih nambahi ardhaning greget
Saya suwe tansaya jengkel
Mripat sepet krasa ngantuk
Nyamber kemul mapan mlungker turu
Gumlendhang ngrangkul guling
Agus Sulton

Sun Gurit
Watake wong kampung jati
Setiti angati-ati
Wani gawe wedi juti

Tresna mring janma sesame
Bawa laksana berbudi
Lega lila trusing budi
Tuhu maring sakeh janji
Bekti gusti yayah wibi
R. Intoyo

Langgeng
Yen sira takon
Dina wangsulingsun
Cetha tan bakal kawangsulan

Awit somah sun klebu jejer
Memunjer ngosik panguripan kang
Kukuh tan jugrug kahorek lindhu mawindu

Yen sira mlenggong karana
Playon sun klakon ngliter jagat
Tan krenggosan nggon nata napas
Kiranen dhewe wirama palarane
Awit satuhune jumbuh sun dadi
Ngraton ing dat sipat kang
Tan pedhot dening tembung ngakerat
Wong Agung
Budi Palopo 1995

Kembang Lambe
Ana kembang lambe, mekrok dadi
Pethetan banger ing sadawane pager
Ana kembang lambe kang

Ngundang tekane laler-laler ijo
Nalika bocah wadon-mu
Dolanan anak-anakan
Ana kembang lambe dirubung laler ijo

Nalika dak rungu kidung tangisan
Golekan, kae golekane sapa
Yen sira tansah dadi golek-golekan
Ingsun mengko entek mimis pira
Wong Agung Budi Palopo 1996
Wiji Thukul
Nalika wiji thukul, dadi
Suket teki kang
Mbarengi plethek srengene

Akeh klongsong mimis ganda amis
Gemlethak ing lemah perdikan
Nalika wiji thukul, dadi
Suket kang ngruket klongsong mimis

Akeh uler keket rupa ijo, rerambatan
Nedya ngrusak lung bangsa tumuwuh
Nanging, nganti seprene
Srengenge sih bisa mlethek
Ngemu daya panguripan
Kanggo bangsa pasuketan
Wong Agung Budi Palopo 2003
Madyaning Bebrayan
Ing madyaning bebrayan
Ora katon endi kang nyata endi kang udu
Akeh sing tetumpakan turangga

Ananging
Wismane kagedhen empyak kurang cagak
Ana sing katon ora pakra jebule bathok bolu isi madu
Jeneng janma mono tan kinira
Ana sing seneng tangane nang dhuwure tangane liyan

Iku kang prayoga
Awit bandha kang sejati yaiku sing diwehke liyan
Undhuh-undhuhane ing alam wusana
Bandha kang dienggo dhewe
Bakal ditinggal
Chahyo
Kotagede, April 2011
Geguritan iki, gurite sepi
Ing ngendi geguritan iki bisa dak titipake
Jer kahanan wus ora nyawisake papan
Tembung - tembung edipeni

Trima sinampirake ing mega malang
Ora akeh maneh sing setya nganthi
Utawa ngonceki manik-manik ing sajrone
Dalah trima sinawang minangka

Ukara mati
Geguritan iki
Saderma guritan sepi
Ukara kang rinoncen awit kehanan

Kang mingget ati…
Yen ati tumlawung
Guritan lagi komanan papan
Yagene mengkono?

Emmmh,
Ora ana wangsulane
Mung enebe ati kang bisa mangsuli
Surtikanti

Post a Comment for "Kumpulan Geguritan bahasa Jawa"