Pengertian Artikel dalam Bahasa Jawa

Artikel dalam Bahasa Jawa adalah sejenis tulisan yang menyajikan informasi atau ide-ide tentang suatu topik tertentu. Artikel dalam Bahasa Jawa biasanya ditulis dengan menggunakan bahasa Jawa yang baku dan dijadikan sebagai media untuk menyebarkan informasi atau menyampaikan pendapat tentang suatu masalah atau isu yang sedang hangat di kalangan masyarakat. Artikel dalam Bahasa Jawa juga dapat berisi opini pribadi penulisnya tentang suatu topik atau isu yang sedang ramai dibicarakan.

Melengkapi bahasa daerah tentang artikel dalam bahasa jawa. Dan penjelasan dibawah ini dilengkapi dengan jenis dan contoh artikel dalam bahasa jawa.

A. PANGERTEN

Artikel yaiku karangan nyata sing jangkep kanthi dawa tartamtu sing digawé kanggo disebaraké lumantar koran, majalah, buletin, lsp.

Panulisan artikel ndarbèni ancas kanggo ngandharaké gagasan lan fakta sing bisa ngyakinaké, nggulawentah, lan nyenengake sing maca. Déné ing Kamus Besar Bahasa Indonesia (KBBI), artikel yaiku karya tulis jangkep, tuladhané lapuran pawarta utawa esai ing majalah,kalawarti. lsp. Artikel kuwi karangan non-fiksi kang njlèntrèhaké sawijiné pokok perkara kanggo dimot ing kalawarti, majalah, buletin, lan médhia liyané.


B. JENISING ARTIKEL

1. Artikel Deskripsi

Essay iki menehi ringkesan cilik / kahanan supaya maca kaya weruh , ngrungokaké, utawa aran iku .

2. Artikel Narasi

Ing narasi prasaja dikenal minangka crita . Ing narasi saka acara utawa acara ing urutan kronologis . Ing acara ana uga pemimpin sing ngadhepi konflik . Narasi bisa ngemot kasunyatan utawa fiksi.

3. Artikel Eksposisi.

Essay iki ngandhut gambaran utawa katrangan topik supaya kanggo nyedhiyani informasi tambahan utawa kawruh kanggo maca . Kanggo njlentrehake description, bisa dilengkapi karo grafis , gambar utawa statistik.

4. Artikel Persuasi

Essay iki yakuwi kanggo pengaruhe maca kanggo nindakake soko . Ing persuasion penulis nyana Donyane sing ing wangun saka motor motor ing wangun saka tumindak tangani dening maca ing sesuai karo penulis dianjurake ing Essay.

5. Artikel Argumentasi

Pitakonan iku salah siji saka paragraf ing pangembangan nulis sing ditulis karo tujuan kanggo gawe uwong yakin utawa ngarih - nonton . Ing nulis pitakonan isi bisa dadi salah siji sing panjelasan, bukti , alesan, lan review adil kang klebu conto , Sinuwun , lan akibat .

Pengertian Artikel dalam Bahasa Jawa

C. CONTO ARTIKEL BAB WAYANG

Miturut para ahli budaya uga panemune penyelidikan para ahli arkeologi sing ana ing Indonesia, kesenian budaya wayang kuwi saktemene bentuk asline wis ono biyen-biyen, rikolo isih jaman kuna, yaiku jaman sakdurunge ana agama Hindu Budha. Ing jaman semana sing diarani budaya wayang wis diduweni karo dening bangsa Indonesia dewe. 

Dadi wayang kuwi iya kabudayan asline bangsa. Wektu kuwi, budaya wayang isih cedak hubungane karo muja-mujine kapercayan animisme sing isih pada dianut para leluhuring bangsa Indonesia.

Miturut kapercayan Animisme roh nenek moyang utawa leluhur bisa dienggo nyenyuwun petunjuk bantuan kanggo kamulyan uga biso disuwuni kanggo pengayom kasusahaning lan kacilakane menungsa. Kosok baline ruh kuwi mau iya uga dipercaya sing bisa ndadekake gangguan utawa kacilakane menungsa. 

Mula rikala semana, yen ana karep kanggo nyenyuwun bantuane roh para leluhur, banjur dianakna kaya dening upacara ritual selametan, sing jarene bisa ngundang, nimbali para rohing leluhur sing wis pada seda kanggo disuwuni keselametan lan kamulyane menungsa. 
Upacara ritual mau dianakna dibarengi nganggo cara gawe pagelaran wayang. Kira-kira awalane tahun masehi, kaya sing dicritakake karo dening para ahli sejarah mau, bangsa Hindu sing asale soko jazirah India akeh pada teka dadi ”imigran” menyang Indonesia. 

Bareng suwening-suwe, gelem ora gelem dadekake pengaruh kabudayan Hindu-Budha iki akhire iya bisa diterima karo dening penduduk asline Indonesia. Ing sakjroning jaman kuwi, basa Sansekerta wis dienggo karo kalangan bangsawan sing sakteruse banjur mempengaruhi basa asli Jawa lan Bali. 

Ing kene kesenian wayang karo bangsa Hindu dienggo wadah ngembangake lan wedharake budaya agama Hindu lewat crita Mahabharata utawa Ramayana. Suwe-suwe kahanan kaya mangkono kuwi sing sakbanjure ndadekake campur lan manunggale budaya asli bangsa Indonesia karo budaya Hindu. 

Kesenian wayang sing budayane wis campur manunggal iki mau sing sakteruse dadi sinebab agama hindu cepet nyebar, ngresep lan diterima ing masyarakat Indonesia.

Mulane ing jroning crita wayang iku akeh pranatane budaya agama Hindu.Miturut kitab Sastra Centhini kasebutake mula bukane kesenian wayang purwo kuwi cinipta karo dening Raja Jayabaya soko Kerajaan Kediri. Kira-kira abad 10 Prabu Jayabaya hanyipta gawe gegambarane roh leluhure sing terus ditulisake ing godong lontar. 

Gegambaran sing kaya mangkono mau akeh sing ditiru soko gambarane ”relief” crita Ramayana, sing wis tinulis ing candi penataran Blitar. Prabu Jayabaya ing kana mau banget katertarikane marang isine Crita Ramayana mergo dewekne kuwi termasuk raja sing meyembah dewa Wishnu, sing uga nganti sakprene karo masyarakat isih dipercaya Prabu Jayabaya dianggep panjelmaane lan titisane 

Betara Wishnu. Ing jaman sakwise, yaiku jaman Jenggala kesenian wayang purwa kuwi disampurnakake wujude karo dening Raja Jenggala Raden Panji Rawisrengga sing bergelar Sri Suryawisesa. Sakteruse dadi apik lan indahe. 

Kocap cinarita terus wayang-wayang sing wis kawujud mau banjur diklumpukake lan disimpen ing jeroning peti ”khusus” sing ”nyeni” indah. Bebarengan karo kuwi uga diciptakake pakem crita wayang purwa sing pagelarane dianakake setiap ana upacara-upacara penting ing istana kerajaan lan uga didalangi dewe karo Sri Suryawisesa. 

Rikala jaman Majapahit gegambarane kesenian wayang kuwi saya luwih disampurnaake lan dadi tambah apike, amarga wis ditambah bagian kana-kene sing disik-disikane dadi kekurangane, terus digulung dadi siji. Wayang sing wujude gulungan kuwi, yen dienggo pagelaran gulungane dibeber. Mulo kuwi jenis wayang sing mangkene terus diwenehi jeneng Wayang Beber. 

Wiwit ono panemune wayang beber iki kesenian wayang banjur diwedharake ngrambah metu soko lingkungane keraton. Lan wiwit kuwi uga masyarakat saknjabane keraton bisa melu ndeleng keindahane pagelaran kesenian wayang beber. Sakbanjure nyedaki pungkasaning jaman Majapahit, pengaruh Agama Islam wis wiwit ngrambyah lan kawedhar ing tanah Jawa. 

Karo dening para wali lan sunan Kesenian wayang kuwi uga dienggo ”media effektif” medharake ajaran agama Islam. Kahanan kaya mangkono kuwi uga sing dadekake kesenian wayang akeh perubahan wujud sing cukup ”signifikan”, kanggo ngilangake gegambarane manungsa sing ing Agama Islam kuwi diharamake lan uga kanggo ngilangake gegambaran sing mujudake pengaruh agama Hindu. Ing jaman kuwi, wujude wayang di owah, digawe soko kulit lan balung sing wujude mung kaya simbol-simbol supaya gegambarane menungsa dadi samar, sakteruse nganti sakprene wujude wayang mung kaya lan dadi arupa simbol-simbol wewayangan panguripane menungsa.

Demikianlah artikel tentang Pengertian Artikel dalam Basa Jawa, semoga bisa menjadi informasi yang bermanfaat untuk para pembaca setia blog pustaka ilmu. Jangan lupa untuk di share dan memberi komentar pada kolom yang telah disediakan. Terimakasih

Post a Comment for "Pengertian Artikel dalam Bahasa Jawa"